Jumat, 03 Maret 2017

Sangkan Paraning Dumadi


"Sangkan", asal, asal-usul, asal-muasal.
"Paraning", tujuan, yang dituju, akhir perjalanan.
"Dumadi", ciptaan, keber-ada-an - menjadi ada.
Falsafah diatas menunjukkan bahwa, para leluhur sudah menyadari "siapa manusia", dari mana ( apa, siapa, mengapa, bagaimana ) menjadi ber-ada, tercipta. Juga disadari, kemana setelah keber-ada-an di dunia ini.

Keber-ada-an ( menjadinya ada ) setiap insan, pasti bukan atas kehendak ciptaan itu sendiri, ada yang menjadikannya ada, yaitu Sang Hyang Ada. Bahkan ayah-ibupun tidak akan pernah tahu seperti apa buah hati yang akan dilahirkannya, baik jasmaniahnya, apalagi rohaniahnya. Pasti akan banyak misteri yang tidak mudah dipahami ; mengapa aku lahir dari ayah-ibu itu, mengapa aku lahir di kampung, bukan di kota besar, mengapa aku tidak gagah, mengapa kulitku gelap, mengapa mataku sipit, mengapa aku terlahir di keluarga miskin, mengapa suaraku tidak bagus, mengapa aku tidak pandai matematika, mengapa aku senang sejarah, mengapa ada orang yang kulitnya kuning, putih, kemerahan, gelap dan tentu saja masih banyak misteri yang menyelimuti kehidupan ini. Semua itu bukan kehendak insan tercipta. Semua tercipta dalam perbedaan - unik, oleh karenanya, perbedaan adalah keniscayaan yang tidak bisa kita tolak.
Para leluhur selalu mengingatkan tentang misteri kehidupan manusia, yaitu ; kelahiran, jodoh dan kematian, ada pada NYA.

Oleh karenanya, manusia tidak selayaknya menepuk dada bahwa ia gagah, ganteng, cantik, pandai, cerdas, mumpuni, kaya, sehat, banyak bakat dan sebagainya. Ia merasa lebih unggul karena lahir di negeri A, karena warna kulitnya B, bahasanya C dan sebagainya. Itu semua mestinya disyukuri, karena semuanya akan menjadi tidak berarti, semua ditinggal di dunia ini,  jika Sang Pencipta, hari ini, jam ini, detik ini menghendaki menuju _paraning dumadi_. Bukan kematian, tetapi kehidupan setelah ketidak ber-ada-an di dunia ini. Kembali ke Sang Pencipta.

Petuah Simbah : " _Asal saka Gusti, bakal sowan Gusti, mung kang  sangu kabecikan kang bakal karenan_. "
( @SUN )

wejangan Sufi Mbah Nafi

Salam Silaturahmi al Alamah al arifbillah Hadrotussyekh KH. Nafi' Abdullah Salam Kajen,
wejangan Sufi Mbah Nafi,
1. "Nek donyo ora usah luru kemulyaan, sebab kemulyaan ora kanggo nek dunyo nanging Allah SWT maringi kemulyaan nek akhirat iku sing hakikat. kapan sopo wonge entuk kemulyaan nek donyo ora bakal nek akhirat entuk kemulyaan." wallahu'alam.
2. "Nek dunyo akeh fitnah, sopo wae sing seneng dunyo mesti akeh fitnahe." wallahu'alam.
3. "rizki ora usah diluru, nek luru rizki mesti ibadahem walkeduwal."wallahu'alam.
4. Ngendikane Mbah Dullah marang aku (Mbah Nafi) wayah tahlil kapundute Mbah Muzayyin, aku diweling Mbah Dullah "Besok nek aku mati ojo diumumno yo, cepet-cepet dimakamno, nek apik ben dang ngerti panggone, nek elek ben dang reti panggone. ora usah diwarak-warakno." wallahu'alam.
5. "Wong sholat iku kudu sabar. wayah moco fatihah yo sabar. wayah ruku' yo sabar. wayah opo wae nek njerone sholat kudu sabar lan tuma'ninah." wallahu'alam.
6. "Sepodo-podo iku kudu welas asih. sebab wong iku ora ngerti pastine. sing perso pastine wong namung Allah SWT."wallahu'alam.
7. "Nek Njerone ati iku ojo sampek sepi sangking dzikir, kapan sepi songko dzikir mesti setan gampang mlebu." wallahu'alam.
8. "Medit-medite wong kapan ono asmane kanjeng Nabi Muhammad Saw disebut ora gelem jawab besok nek akhirat bakal dadi wong sing bangkrut."wallahu'alam.
9. "Ketoke wong akeh podo ngaji mrene (masjid Kajen), tapi kadang niate bedo-bedo." wallahu'alam.
10. "Akeh wong sing kepingin ben diarani apik, iku malah iso dadikno rusake amal." wallahu'alam.
11. "Sak durunge mlebu toriqoh kudu syariate kuat ndisik, sebab opo, pondasi/dasare ibadah iku nek syariat. syariat iku sing gawe kanjeng Nabi Muhammad Saw. kapan ora manut syariate Kanjeng Nabi Muhammad Saw berarti ora umate Kanjeng Nabi Muhammad Saw." wallahu'alam.
12. "Aku ngaji ngeniki, durung tentu aku luweh pinter karo sampeyan. aku mek tukang moco tok, nek ono makno sing suloyo, durung iso ngelakoni opo sing tak woco, aku yo ojo ditukari, yo ojo dicegat nek ratan. mulane aku tau ditawari gelar doktor tapi kon bayar 10 juta tapi aku moh. duwe gelar doktor nek ditakoki ora bejos jawab dak malah piye. wong basa arab wae isih ngene kok. tapi mbeke profesor lah durung karuan iso moco kitab salaf."wallahu'alam.
13. "Kabeh kedadian nek dunyo Allah sing Ngudaneni, makhluk ojo melu ngatur kehendak Allah Swt." wallahu'alam.
14. "Istighfarmu kudu di istighfari meneh, sebab lakonmu istighfar durung murni kerono Allah Swt. tapi nek lambe-lambe tok" wallahu'alam.
15. "Akeh-akehno moco salawat Nabi Muhammad Saw." wallahu'alam.
16. "Kuwe nek bar shalat fardlu kirimo fatihah tujokno Mbah Mutamakin, insya Allah ono labet apek." wallahu'alam.
17. "Bapak/Mbah Dullah, ndisik nek minterno anak-anake dikon sinau terus kapan ora iso moco kitab dianggep ora anake, sakliane sinau setiap sedekah Mbah Dullah, diniati nyedekahi anak ben dadi wong kabeh." wallahu'alam.
18. "Wayah wong sakratul maut, sing manjeng nek pinggirem antara setan karo malaikat, mongko wong sing ape mati iku kudu dituntun karo syahadat lan tahlil."wallahu'alam.
19. "Aku moh dadi kiai, sebab abot dadi kiai, tanggungjawabe nek akhirat tambah abot kerono durung iso ngelakoni, aku ngaji iki yo ngji karo mushonef/pengarang kitab. ngaji nek kene (Masjid Kajen), aku mek macakno tok keranten diutus Bapak/Mbah Dullah. La aku nek gak anut ora dianggep anak dak payah dewe aku." wallahu'alam.

sampun rien njeh, asline taseh katah, ananging niki kangge kulo sinau / pelajaran teladan lan ikhlas.
Dawuhe Mbah Nafi, "Nek iku pelajaran  yo tular-tularno nek konco-koncomu, meski akeh rahasia-rahasia, tapi nek rahasia kdu khusus."

semoga manfaat dan penuh hikmah.
sungkem ta'dhim kagem Syekh Nafi Abdillah Salam Kajen. al-Fatihah.... 
semoga amal ibadah panjenengan dilipatgandakan Allah SWT, dan ditempatkan di surga. Amin.

Senin, 27 Februari 2017

Gustine Dhuwit, Nabine Jarit

Tuhannya uang, nabinya kain.
Peribahasa tersebut sebagai sindiran dan peringatan bagi orang yang mengesampingkan TUHAN, tetapi menuhankan uang, mendewakan harta benda, _ngawula bandha_ - mengabdi kekayaan. Nabinya kain, kain identik dengan wanita, dalam konteks peribahasa diatas, maknanya adalah menuruti keinginan kenikmatan jasmani.
Maknanya secara luas ialah ; Orang yang hanya mengejar kekayaan duniawi dan menuruti segala kenikmatan jasmani dengan mengabaikan TUHAN dan ajarannya.

Pak Jumantil sudah beberapa tahun kembali hidup di desa, sekarang mulai menyadari betapa dahulu apa yang ia perbuat di Ibukota, berlomba memupuk harta dengan menghalalkan segala cara, ternyata jauh dari etika kehidupan, baik etika sosial - bermasyarakat,  bernegara maupun beragama. Semua hanya demi _dhuwit_ - uang, ia mengira, hanya dengan uang segala keinginan akan terpenuhi, segala kenikmatan jasmani dan duniawi akan terbeli. Ia pikir, setelah keinginan jasmani terpenuhi, maka rohani juga akan menikmati. Kebutuhan rohani juga akan ia beli dengan uang.
Ternyata Pak Jumantil kecele, justru karena mengejar uang dan memburu kenikmatan itu, ia kini harus pulang kampung tanpa membawa apapun, hanya membawa malu, karena apa yang ia perbuat di Ibukota, sudah banyak yang tahu.

Petuah Simbah : " _Mung Gusti kang dadi Sangkan Paraning Dumadi, mula, aja lali_. "
( @SUN )

NGOPI YOOOO LUUR


*KOPI*  iku tegese *(Kopyor Pikirane),*
mulo kopi iku rasane *Pait.*
Nanging sak pait-paite kopi.. isih iso digawe ;
*LEGI* ( Legowo ning ati ) / berlapang dada hatinya
Carane kudu ditambahi *GULO*  (Gulangane Roso)/ Mengelola perasaan baik
Sing asale soko
*TEBU* (anteb ning kalbu) / mantab hatinya
Banjur diwadahi
*CANGKIR*  (Nyancangne piKIR). Menguatkan pikiran
Trus di siram banyu panas dadine
*WEDANG* (wejangan sing marahi padang) / Nasehat yg menentramkan hati
ojo lali di *UDHEG*
(Usahane ojo nganti  mandeg )/Usaha jangan sampai berhenti
Anggone  ngudheg nganggo *SENDOK"* ( Sendhekno marang sing nduwe kautaman)/ Pasrahkan pada Yang Maha Kuasa
Dienteni ben rodo
*ADEM* ( Ati digowo
lerem ) / Hati jadi tenang
Diombe kanthi di...
*SERUPUT*  (Sedoyo Rubedo bakal luput) / Semua godaan ahkan terhindar

Meniko falsafahipun *KOPI*  dulur.   Sugeng ngopi sedoyo

RAMALAN ZODIAK MADURA KANGGUI MINGGU RIYA

1. PIRGO
Kelakoan se cocok: Ajuel Tapai ambik jengkol. Keuangan: salbut asal-salan. Asmara: nyareh pasangan jek se meng-meng.

2. AKUWARIYUS
Kelakoan se cocok: Ajuel Cap-Capan ambik Cilok. Keuangan: ngenjem metowa. Asmara: Sekejek agik A Jomblo.

3. PISCES
Kelakoan se cocok: mekol Galon aeng, mangkal ngojeg e partelon. Keuangan: Tak Nemoh Otangan, Gebi mele togel. Asmara: seneng ka benduh salon!!"

4. ARIES
Kelakoan se cocok: angon bedhus, bik nyare katak. Keuangan: epetompes Tretan Dibik. Asmara: tero ka randeh anak 4.

5. TAURUS
Kelakoan se cocok: nyare roporop, ajuel kembeng koburen. Keuangan: Tak Kelar Mele Beres. Asmara: ecak koca'en Reng Gendeng.

6. GEMINI
Kelakoan se cocok: Juel Krupok, ngelap kaca Mobil. Keuangan: Ajuel warisan metowa. Asmara: Tak jelas pacarah  lakek apa binik.

7. CANSER
Kelakoan se cocok: Nyare Gentak, otabe mandi'in Koceng. Keuangan: sekarat, parak bangkruta. Asmara: adek se gelem.

8. LEYO
Kelakoan se cocok: Soper Odong-Odong. Keuangan: mate odik. Asmara: eseom Benduh.

9. LIBRA
Kelakoan se cocok: makelar sepeda pancat. Keuangan: oleh enjeman bank Mingguen. Asmara: Pacarah Tero Ngakan Martabak Kecobung.

10. SEKORPIYO
Kelakoan se cocok: Asisten Dukon Santet. Keuangan: kecopetan e terminal. Asmara: Parak kabin bik embu'en tetanggeh.

11. SAGITARIYUS
Kelakoan se cocok: tokang sedot WC. Keuangan: E tagih Tokang Kredit Panci. Asmara:Binik Tak Gelem Tedung Bereng.

12. KAPRIKON
Kelakoan se cocok: Tokang Parkir Dimas Kanjeng Keuangan:Ajuel Sepatu Gebi majer Arisen ! Asmara: Doi ngambil polana tek mele agih Sepatu Roda.

😂😂😂

Minggu, 26 Februari 2017

Turi Putih

 

Turi Putih, Turi Putih Di Tandur ning kebon agung

Ono cleret tibo nyemplung, mbok iro kembange opo

Turi Putih, Turi Putih Di Tandur ning kebon agung

Ono cleret tibo nyemplung, mbok iro kembange opo

mbok iro kembange opo, mbok iro kembange opo

Etan kali, kulon kali

Etan kali, kulon kali, Tengah-tengah tanduran pari

Saiki ngaji sesok yo ngaji, ayo manut poro kiyai
Etan kali, kulon kali

Etan kali, kulon kali, Tengah-tengah tanduran pari

Saiki ngaji sesok yo ngaji, ayo manut poro kiyai

ayo manut poro kiyai, ayo manut poro kiyai

Tandurane tanduran kembang, kembang kenongo ning njero guo.

Tumpa’ane kereto jowo rudo papat rupo menungso.

Tandurane tanduran kembang, kembang kenongo ning njero guo

Tumpa’ane kereto jowo rudo papat rupo menungso.

rudo papat rupo menungso, rudo papat rupo menungso.

Tembanga jowo jaman biyeen

#Kawruh Boso...#
Tembanga jowo jaman biyeen...men iso diajarke marang anak putu..
Men railang...kumandange

1.  *Gundul Gundul Pacul*

Gundul-gundul pacul…cul gembelengan
Nyunggi-nyunggi wakul…kul gembelengan
Wakul ngglimpang segane dadi sak latar
Wakul ngglimpang segane dadi sak latar

2.  *Sluku Sluku Bathok*

Sluku-sluku bathok
Bathoke ela-elo
Si Rama menyang Solo
Oleh-olehe payung mutho
Mak jenthit lolo lo bah
Wong mati ora obah
Yen obah medeni bocah
Yen urip golekko dhuwit

3.  *Padhang Mbulan*

Yo Prokonco dolanan neng njobo
Padhang mbulan padhange koyo rina
rembulane… e
Seng ngawe awe
Ngelingake ojo podho turu sore

4. *Tikus buntung*

Tikus buntung .... Nduwe anak .. Buntung ..... Cicit cuwit cicit cuwit ..... Si tikus sobo neng lumbung. 🐀

5.  *Cublak Cublak Suweng*

Cublak cublak suweng..
suwenge ting gelenterl..
mambu ketundung gudel
pak empong lera-lere
sopo ngguyu ndelik–ake
sir-sir pong dhele gosong
sir sir pong dhele gosong...

6.  *Gotri*

Gotri legendri nogo sari.. ri
riwul owal awul jadah mentul.. tul
tolen olen olen jadah manten ..ten
(ti)tenana besuk gede dadi opo.. po
podho mbakul enak mbakul sedeng.. deng
dengklok engklak engklok koyo kodok

7.  *Bang Bang Tut*

Bang bang tut cendelo ewo ewo
sopo prei ngentut ditembak rojo tuo
nyang kali ngiseni kendhi
jeruk purut wadhah entut

8.  *Domino*

Domino idomino ono babu nggendong sinyo
sinyone nangis wae didolani montor mabur
montor mabur kapal udara numpak sepur mudhun Jakarta
jakarta akeh copete sopir becak akeh duite
duite mung selawe lambe ndomble njaluk dijotos

9.  *Kucing Gandhik*

Kucing gandhik………. meong
(o)Mahmu ngendi…… ngerong
(o)Po ra gatel………….  adus
(o)Po ra adem………… kemul
(o)Po nduwe kemul…. tuku
(o)Po nduwe duit……..             utang
(o)Po (i)soh nyaur……. ngemplang
Yen ditagih……………..  ndhelik
Yen dioyak……………..  mlayu
Yen dicegat…………….  mlumpat

10.  *Dayoh*

E… dayohe teko
e… gelarno kloso
e… klosone bedhah
e… tambalen jadah
e… jadahe mambu
e… pakakno asu
e…. asune mati
e…. kelekno kali
e…. kaline asat
e…. centhelno pager
e….. pagere ambruk
e…. delehno ngebuk

11.  *Menthok Menthok*

Menthok menthok , tak kandani
Mung rupamu , angisin ngisini
Mbok ya aja ngetok , ono kandang wae
Enak enak ngorok , ora nyambut gawe
Menthok menthok , mung lakumu
Megal megol , gawe guyu

12.  *Kidang Talun*

Kidang talun
Mangan kacang talun
Mil kethemil mil kethemil
Si Kidang mangan lembayung

13.  *Te Kate Dipanah*

Te kate dipanah
Dipanah ngisor gelagah
Ono manuk onde onde
Bok sir bombok , Bok sir kate
Bok sir bombok , Bok sir kate

14. *Lir Ilir*

Lir ilir lir ilir , tandure wus sumilir
Tak ijo royo royo , tak sengguh temanten anyar
Cah angon cah angon , penekno blimbing kuwi
Lunyu lunyu penekno , gawe ngumbah dododira
Dododira dododira , kumitir bedah ing pinggir
Domana jlumatana , kanggo seba mengko sore
Mumpung padhang rembulane , mumpung jembar kalangane
Ya…surak-a…..surak….Horeeeeeeeee…..

15.  *Suwe Ora Jamu*

Suwe ora jamu
Jamu godhong tela
Suwe ora ketemu
Ketemu pisan gawe gela

16.  *Gambang Suling*

Gambang suling kumandhang swarane
Tulat tulit , kepenak unine
Unine mung nrenyuhake
Barengan kentrung , ketipung suling
Sigrak kendangane.

17.  *Saiki Aku Wes Gede*

Saiki aku wis gede..
sekolah mangkat dewe..
ora usah dieterake..
bareng karo kancane..

Yen mlaku turut pinggiran,
ora pareng gojegan…
neng ndalan akeh kendaraan
mengko mundhak tabrakan

18.  *Siji Loro Telu*

Siji loro telu,
astane sedheku,
mirengake bu guru
menawa didangu..

papat nuli lima..
lenggahe sing tata,
ojo podho sembronoo,
mundhak ora bisa

19.  *Jaranan*

Jaranan-jaranan…jarane jaran teji
Sing numpak ndara bei
Sing ngiring para mantri
Jeg jeg nong…jeg jeg gung
Prok prok turut lurung
Gedebug krincing gedebug krincing
Prok prok gedebug jedher.

20.  *Kodok Ngorek*

Kodok ngorek kodok ngorek , ngorek nyang mblumbangan
Theyot theblung theyot theblung , theyot theyot theblung

Golek pangan golek pangan, golek   pangan

Theyot theblung theyot theblung , theyot theyot theblung
Bocah pinter bocah pinter , besuk dadi dokter
Bocah bodho bocah bodho , besuk kaya kebo

21.  *Pak Jenggot*

Pak jenggot pak jenggot nduwe anak
anake mung siji nangis wae
amarga wedi kare jenggote
cup menenge mngko sore tak cukure

22.  *Dondhong Opo Salak*

Dhondhong apa salak dhuku cilik cilik
ngandong apa mbecak mlaku thimik thimik
Dhondhong apa salak dhuku cilik cilik
gendhong apa pundhak mlaku thimik thimik

Adhik ndherek ibu tindak menyang pasar
ora pareng nakal ora pareng rewel
mengko ibu kondur ngasta oleh-oleh
gedhang karo roti adhik diparingi

23. *Wajibe dadi Murid*

Wajibe dadi murid
Ora Keno pijer pamit
Kajaba yen lara … Kajaba yen lara
Lara tenan… Lara tenan
Ora lara mung ethok-ethokan
Lan manehe kudu pamit nganggo layang
Yen wes mari larane
Kudu enggal mlebu nyang pamulangan
Ojo enak-enakan
Mbesuk gede mundhak bodho
Longa longo kaya kebo
Pakanane suket ijo
Plompang plompang kaya bagong

24 *Gajah belang*

Gajah belang ..... Soko tanah Plembang .... Nuk renggunuk ....  Nuk renggunuk  ...... Gedhene meh podho gunung.

25 *Kidang talun*

Kidang talun .... Mangan kacang talun ....mul kethemul .... mul kethemul .....

Diberdayakan oleh Blogger.