Jumat, 24 Februari 2017

Mung pepeling

Sugih, kere, cukupan, raine jegadel, mbagusi, rodo ganteng, juragan, pekatik lan opo wae menungso kuwi modele, lungguh ning kuris sak mejo ngadep kopi. Iyo to?

Ono sing seneng paitan, paribasan urip kudu iso nompo sing pait ora mung penake. Ono sing seneng legi, paribasan piweling ojo ngimpi swargo yen iseh leno legine donya yo ono (koyo tulisan kaos bijak jawa kae lho), ono sing seneng kemleyeng, sing dikei es ning gelas kopine yo ono… sing di ombe ora liyo mung kopi….

yen dicatet kepiye bentuke kopi, iku neko2. Ono sing prongkalan, ono sing lembut, sing buntelan koyo kempitan yo ono, opo wae bentuke yo rasane ijeh kopi….

sing ngombe ono sing diwalik gelase, ono sing dicucup, ono sing nganggo sedotan, ono sing diuncalno menduwur trus cangkeme mangap nampani, embuh kuwi laler opo kodok yo katut ijeh ra masalah, ono sing ngombene disruput, sing pas ngombe trus kebelet ngising digowo kopine sisan yo ono, kuwatir yen di jaluk koncone….

kabeh bedo uwong, embuh kenal ora kenal, ora perduli kuwi wonge mrongos lan ora, ora urus untune dbendrati opo ora, yen wes ngadepi kopi, bedo rasane, bedo carane ngombe, bedo nguyuhe, iso guyub lan rukun, ora podo tukaran yen sak mejo podo2 ngadepi kopi….

0 komentar:

Posting Komentar

Diberdayakan oleh Blogger.