Selasa, 04 Juli 2017

PITUTUR UAPIK TENAN

*Wong Nrimo, Uripe Dowo*
*Wong Sabar, Rejekine Jembar **
*Wong Ngalah, Uripe bakal Berkah*

*Sopo sing Jujur, uripe Makmur*
*Sopo sing Suloyo, uripe Sengsoro*
*Sopo sing Sombong, amale bakal Kobong*
*Sopo sing Telaten, bakal Panen*

*Ojo podo Nggresulo, mundak gelis Tuwo*
*Sing wis Lungo, Lalekno*
*Sing durung Teko, Entenono*
*Sing wis Ono, Syukurono*
*Iki pituture wong tuwo, ojo nganti lali, eling-elingono lan lakonono..*

*Sehat kuwi yen*:
*🔸Awake waras,*
*🔹Nduwe beras,*
*🔸Utange lunas,*
*🔹Mangan enak..*
*🔸Turu kepenak..*
*🔹Ngibadah jenak..*
*🔸Tonggo semanak..*
*🔹Keluarga cedhak..*
*🔸Bondo cemepak..*
*🔹Suwargo mbukak..*
*🔸Sedulur grapyak..*
*🔹Ono panganan ora Cluthak..*
*🔸Ketemu konco grapyak*
*🔹Ora seneng nggetak-nggetak*
*🔸Gaweane ora mung macak*
*🔹Opo maneh mung mencak-mencak*
*🔸Karo konco yo semanak*
*🔹Omongane ora tau sengak*
*🔸Di rungokke yo kepenak .*

👍🏻😬👍😀👍😁👍😁

NONTON KARO GENDAK E

Ono wong wadon nom²an ketok e galak banget gowo lading dapur ngadek ning ngarep pintu biskopan arep mekso mlebu golek i bojone sing dikiro nontok barek gendak ane.

Nanging iso di-dem² karo security biskop.

Security iso mbujuk wong wedok kuwi.

_"Ibu.. maaf.. di dalam bioskop kan gelap.. Ibu tidak mungkin melihat apapun dalam gelap kan? Sementara kami tidak memiliki wewenang untuk menyalakan lampu selama pertunjukan berlangsung. Sebelum ibu menemukannya, jangan² penonton menjadi panik, dan suami ibu kabur."_

Pripun menawi Ibu nenggo mawon teng ngriki ngantos bibar film-ipun?

Wanita niku mendel sekedap, lajeng manthuk pratondo setuju. Piyambak e nyimpen ladingipun lan lenggah teng _longue_ senajan taksih direncangi petugas.

Supados mboten wonten keributan manajemen biskopan ngumumne teng layar lebar *_Seorang perempuan dengan pisau di tangan mencari suaminya yang diduga sedang berada dalam bioskop ini dengan pasangan selingkuhannya. Agar tidak terjadi keributan, diharap pria yg dimaksud segera meninggalkan bioskop secepatnya lewat pintu samping._*

Ora let suwe ½ gedung biskop dadi kosong.....

😎😀😀😂😂😂😃😃

Diberdayakan oleh Blogger.